Sunday, July 8, 2012

RUH

أشهد أن لا اله الا الله و أشهد أن محمدا رسول الله


"Maka apabila langit telah terbelah dan menjadi merah mawar seperti (kilapan) minyak" (Ar-Rahman: 37)
 
Ingkang samodra agung,
Tanpa tepi anerambahi.
Endi kang aran Allah?
Tan roro tetelu.
Kawulane tanna wikan,
Sirna luluh kang aneng datu’llah jati,
Aran sagara Purba.

Ana papan ingkang tanpa tulis.
Wujud napi artine punika,
Sampyuh ing solah semune,
Nir asma kawuleku,
Mapan jati rasa sejati.
Ing njro pandugeng taya.
Marang Ing Hyang Agung.
Pangrasa sajroning rasa,
Sayektine kang rasa nunggal lan urip,
Urip langgeng dimulya.

Sasmitane ingkang tunjung putih
Tanpa slaga inggih nyatanira
Rokhilafi satuhune
Datullah ananipun
Yeku sabda ingkang arungsit.
Iku pan bangsa cipta,Hananira iku.
Tandha kang darbe pratandha.

Damar murup tanpa sumbu nenggih
Semunira urup aneng Karsa.
Dat mutlak iku jatine!
Anglir tirta kamanu,
Kadi pulung sarasa jati.
Puniku wujud tunggal,
Aranira iku.

Godhong ijo tanpa wreksa iki,
Semunira ing masalah ing rat,
Lah iya urip jatine.
Dudu napas puniku,
Dudu swara lan dudu osik,
Dudu paningalira,
Dudu rasa perlu,
Dudu cahya kantha warna,
Urip jati iku,
nampani sakalir,
Langgeng tan kena owah.

Pasemone kang modin puniki,
Pan bedhuge muhung aneng cipta,
Iya ciptanira dhewe.
Pan ingaken sulih Hyang Widi.
Cipta iku Muhammad,
Tinut ing tumuwuh.
Wali,
mukmin datan kocap.
Jroning cipta Gusti Allah ingkang mosik,
Unine: rasulullah.
Lamun meneng Muhammad puniki,
Ingkang makmum apan jenengira.
Dene ta genti arane,
Yen imam Allah iku,
Ingkang makmum Muhammad jati.
Iku rahsaning cipta,
Sampurnaning kawruh.
Imam mukmin pan wus nunggal,
Allah samar Allah tetep kang sejati,
Wus campuh nunggal rasa.

sentek pisan wus rampung,
tanggal pisan purnama sidi,
panglong grahana lintang,
Iku semunipun,
kang sampun awas ing cipta.

lawan sastra adi kang linuwih
lawan Qur'an pira sastra nira,
estri priyadi tunggale,
lawan ingkang tumuwuh




[assalatwassalamej9.gif]

No comments: